Paribasan,Isbat lan Sanepa
- Paribasan
Paribasan yaitu tetembung kang ajeg panggonane lan penggonane, ateges entar , nanging ora ngemu surasa pepindhan.
Tuladhane :
- Adigang,adigung,lan adiguna (ngendel - ngendelake kakuwatan, kaluhuran ,lan kapinteran).
- Ana catur mungkur (ora seneng ngrungokake rerrasaning liyang kang ora prayoga).
- Durung pecus keselak becus (durung pinter, nanging gadhah pepingin ingkang neka-neka).
- Isbat
Tembang isbat tegese katetepan. Isbat yaiku unen-unen kang ajeg panggonane mawa surasa tartentu. Wujude racikaning tembung kang ndhapuk ukara, ngemu teges entar lan ngemu pasemon.
Tuladhane :
- Golek banyu apikulan warih.
- Sura dina jayaningrat lebur dening pangestuti.
- Golek banyu gung susuhing angin.
- Ngupa di banyu suci perwitasari.
- Sanepa
Sanepa yaiku tetembung kang saemper pepindhan , ngemu surasa mbangetake, tegese kosok balene karo tetembungane.
Tuladhane :
- Eseme pahit madu ( eseme manis banget).
- Tatune arang kranjang (tatune kerep banget).
- Utange arang wulu kucing (utange akeh banget).